Keder.....
kepriben kiye??
Jarene rakyat saiki ora bakal nelangsa
tapi wong ngemis pating tlektek
diarani nyambut gawe ora nana modal
mung midar mider nggawa awak tok
apa kuwe manjinge pengangguran?
Enyong tah ma, mangan ora akeh akeh
sanajan biaya sekolah gede
tapi nyong mbiyen dipaksa sekolah
karo sampeyan
jaman seprana nyong ora gelem mangkat dibanda
saliyane dijewer,disetrap njero kamar peteng
enyong ora jengkel secuil-cuila karo sampeyan
Margane sampeyan sebenere sayang karo enyong
Enyong...
sing jarene sampeyan paling gagah sadunya
ngucapna trimakasih saakeh akehe
tapi tulung,aja takokna disit:
"tong mbesiki pan kerja apa?"
wong pengumuman lulus be durung ka
aja gawe keder enyong
Manene....
tulumg ma,rungokna...
bapane wis laka,wis ayem tentrem kawit kependem jero
sing jelas ya ma....
enyong ora kepengin ngemis
guris mana guris mene laka lubare
enyong pengin makani sampeyan
makani anak bojo ora mung sega sakepel
tapi sewakul